24 Oktober 2010

kerjo LONGOR...

dino minggu wingi jian dadi wong longor sak urip urip,...
iki ngono mergo ra due duit blass, babar pisan, ditambah utang wes sak gulu...
minggu isuk sakmarine nunggu ponakan sing lek tangi mesti nangis, aku diajak boloko BONEK, golek duit nganggo coro Longor, budal mlayu banter numpak bronpit FIT X tahun 2008 numpake koyo alap alap tumuju marang hotel cedak bandara, nang kono wes dienteni bolo-bolo longor sing podo sarapan nang ruangan...
mergo jenenge ae kerjo longor, mangane ae yo longor alias igal-ugalan sampek piringe podo ra ketoro, jian ugal ugalan, menune cocok, awake sehat, ngombene mantabs.....

mari sarapan, wong wong podo baris nganggo seragam LONGOR, trus manggen nang posisi sing dikarepne ketuane, nang kene sing dapuk ketua pak RT karo ernest, mari manggon nang panggone dewe dewe, tak rasak rasakne kok ngguaplei, ndandak kon siap siaga koyo kompeni jaman sepur lempung, halah... mumpung gak enek ketuane, aku dolanan sekak ae, maen sekak ping telu kalah ping pindo ... aku kalah mergo sopir taksi sing mangkal okeh wong sing ndelok pas aku sekak karo koncoku sing longor pisan,....

mari sekak aku clingak clinguk delok bolo-bolo longor kok podo gak enek, eee ladalah tibae podo tuku rokok karo ngopi nang warung sing adohe kiro-kiro 400 meter arah timur jauh, aku melu-melu pisan nyangkruk, pesen teh anget moco koran....
durung sampe entek teh e wes di telpun karo pak RT, dikongkon ndang mbalik, Baris, trus mEsaM MeseM..,
pas baris nang ngarep lawang, lakok enek bolo sing tak kenal apik, mergo gak pengen kisinan aku, ndelik nang mburi soko trus golek lenone petugas, trus mlayu nang parkiran mburi, boloku longor tak kon nyusul, trus omong2an nang panggonanane kuli bangunan nang buri bangunan hotel karo rokok an..
ra kroso jam wes nang ongko 11.30, tak pikir acarane wes arepe buyar, aw mlebu maneh nang panggonan semula, tibae sepi, lha kok wong2 longor wes podo mangan, pas mangan enek bolo nang malang sing arep melu mangan, (wedi isin ndelik nang mburi wong sing mangan nang kursi)... huuftttt
mari mangan mlebu kamar, ngenteni bayaran, ra sue teko pak komendan dum dum bayaran, wong siji oleh 50 ewu, ALhamdulillah....
mari ngono, muleh, ketemu mas muslih, ngeterke mas muslih, duite bayaran kerjo longor tak tukokne tiket balbalan nang deltras,
waktu kui tikete murah mung 15 ewu, penontone uakeh, melu mlebu nang tribun delta mania, nyanyi souzis, 2-1 dr persema, muleh, sholat nang jami' sda, tuku dele, Helum, rudit........

oalaaaah kerjo longor bikin hati menjadi bernyali...........
what its longor...??

Tidak ada komentar: