10 Desember 2010

hari yang aneh..

dino iki prosoku jan bener bener aneh, tapi sakjane ngunu yo ora mung aku ae sing apes paling,...
isuk isuk wes dipeseni dindin dikonkon jupuk paketan canonical nang kantor pos besar jl. kebonrojo daerah indrapura, tak kiro jupuke iki nang mbak sing ayu nang ngarep sing lungguh nang panggonan CS, weladalah tibae kon jupuk dewe nang lorong buri sing panggonanae menggak menggok nylempit ndlesep...
pas mlaku nang panggonan sing didohne mbak sing uayu mau aku kelingan lek kon nemoni bapak petugas sing jenenge pak Rustandi, mlaku nang kantor pos besar jan koyo mlaku nang penjara jaman londo disek, wes tembok egedi-gedi, bangunane duwur duwur tur ombo pisan, jan sangar tur rodok medeni sithik..
wes ketemu pak rustandi lansung ngekekne surat bukti jupuk barang, trus aku dikongkon mbayar 7000, mari ngono muleh kesusu, playon ben gak telat teko perak, soale di deadline lek teko makaryo kui kudu jam 8.40 ora oleh punjul, lek punjul di potong 10ewu (oleh sak piring sego iwak) eman banget, tapi masio ngebut koyok opo ora iso nututi jam sakmono, soale pandom jam gede nang kantor pos wes ndudohi jam 8.30.... (wes mesti disunat iki) :(

mlayu ngebut 80km nang indrapura meh peng pindo nubruk becak, untung ae aku lulusan moto gp jadi tatak pool, trus mampir mandiri, jupuk duit gawe mbayar cino ngganteng , mari ngunu teko panggonan makaryo trus buka sarapan sego bantingan sing tak tuku mau isuk lawuhe penyetan tempe..

rodok awan ketoe motoku rodok keduten, ternyata aku arep oleh rejeki,bener ae moro-moro di telp wong malang kon ngurus barange sing arep dikirim nang japan, awale se lancar-lancar ae, mbaan awan sithik lhakok diseneni entek-entek an mergo jare omonganku mencla mencle, untung ae dekne gawe rok blues, coba lek gawe jarik mesti wes cincing-cincing koyo mbokdeku neng ndeso...

mari jumatan nang kp3 ketemu wong layar sentosa, trus moro nang bca, tujuane nabung karo ketemu mbak mbake cs bca sing wes podo kenal apik, pas mlebu mari lawang dibuka satpam langsung ketemu mbake sing tak kenal jenenge sil** sing pas dino iki gawe kaos intermilan rupane ijo, ehmm jian ciamik soro....
mlebu nang bca perak timur jan nggarakne tentrem lahir batin, wes sing pajang ciamik-ciamik, ruangane adem, resik, bedo adoh karo kamarku...
nang njero langsung nglebokne duit gawe setor utang mau, pas diitung duite tibae enek sing nylimpet 1 duit satusewuan sing PALSU, aku kaget, koq iso yoo???, pas arep tak jaluk( mergo sopo ngerti iso tak tukokne lalapan or gawe udud LEGOT) tibae karo petugas teller bank sing jenenge desy sing yo ayu wonge gak oleh dijaluk, dadi duit satus mau dipek bang.. :(, trus aku diijoli potokopian duit palsu mau sing due seri OBP807165
metu teko bang langkahku rodok lemes, mergo eman bgt,, ewosemono moto iki jek keduten maneh, mugo2ae oleh ijol (panjaluk nang ati) ternyata temenan, nang makaryoan aku diowenei voucher mangan gratis sak mbloke'e nang RM. Ny Indra perak barat
ALHAMDULILLAH...
kanggo sopo ae sing motone keduten percoyoo lek arep oleh rejeki minhaisulayahtasib
sopo ae sing sue pengarep ketemu bak mbak ayu percoyoo paling okeh apese..

Tidak ada komentar: